Senin, 12 Juli 2010

(Guyonan Suroboyoan # 2)Mendua Gara Gara Piala Dunia

Sumar pas enak-enak nontok bal-balan Piala Dunia ndhik tv, moro-moro bojone ngeriwuki "Cak, lampu terase pedhot, tulung pasangno sing anyar po'o".

"Masang lampu ?!!!. Koen kiro aku iki PLN ta...!!! " jare Sumar muring-muring.

"Yo wis lek gak gelem, ngene ae cak, tulung benakno kran banyu ndhik jeding po'o cak, eman banyune amber-amber" takok bojone maneh.

"Mbenakno kran ?!!!. Koen kiro aku iki PDAM ta ...!!! " jare Sumar ambek menteleng.

"Lengo gase yo entek pisan Cak, lek sampeyan tuku rokok aku tulung tukokno pisan po'o cak.."

"Dikandani jek nambeng ae arek iki, koen kiro aku iki PERTAMINA ta..!!! " Sumar tambah mangkel.

Mergo mangkel diriwuki terus, Sumar minggat nontok bal-balan ndhik omahe koncone.

Mulih jam loro isuk, Sumar kaget terase wis padhang. Pas wisuh ndhik jeding banyune yo wis gak amber maneh. Sumar yo ndhelok lek jerigen lengo gase wis diisi full.

Isuk’e Sumar takok ambek bojone sopo sing nulungi.

"Ngene lo Cak, mari sampeyan minggat mau, aku nuangis ndhik ngarep omah. Mari ngono onok arek lanang ngguanteng teko. De'e takok opoko kok nangis. Aku yo cerito lek lampuku pedhot, kranku bocor, lengo gasku entek, bojoku purik. Lha de'e nawakno kate nulungi cumak onok sarate.... " bojone cerito.

"Opo sarate ?" Sumar mulai curiga.

"Sarate iku aku isok milih, nggawekno roti utowo nglencer karo de'e " jare bojone.

"Lha terus kon gawekno roti opo..? " Sumar takok maneh.

"Nggawekno roti ?!!!. Sampeyan kiro aku iki Pabrik Roti ta !!!..."

Tidak ada komentar:

Posting Komentar